Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

24

Tjermé. Tanah pagoenoengan maoe dadi timbangané tanah ngaré kang kaseboet ing doewoer; doenoengé ana ing sisih kidoel.

Tjoba ing ngisor iki sinaoenen, nganggo ndelenga kar.

Negara lan panggonan nenem: Bandoeng, Soekaboemi, Tjiandjoer, Garoet, Tasikmalaja, Tjimahi. Ikoe maoe kabèh hawané adem kepénak.

Goenoeng loro: Malabar lan Goentoer.

(Kaliné sing gedé loro, kowé wis pada weroeh djenengé. Apa djenengé? Karo manèh kowé wis weroeh: goenoeng Karang, Gedé, Tangkoeban Praoe.)

Ing paresidenan Banten sisih kidoel sarta ing Prijangan sisih kidoel wongé moeng setitik. Ing alas-alas sarta ing alang-alangan, kono isih ana bantèngé; matjan lan warak ija ana.

Tanah Prijangan ikoe kang ana ing saantarané goenoeng-goenoeng pada mengger; senadjan rata, ija ora aran tanah ngaré. Sing amba déwé: tanah Bandoeng. Kedjaba ikoe: tanah Tjiandjoer, Soekaboemi, Garoet. Sanadjan doedoe tanah ngaré, éwa déné kebak sawah. Sawah maoe salebaré panèn, digawé tegal; oetawa diilèni banjoe, dianggo ngingoe iwak. Jèn digawé tegal, ditandoeri palawidja. Déné iwak, sing diingoe ana ing sawah maoe, sing akèh iwak wader bang oetawa iwak mas.

Ing tanah Prijangan, negarané sing gedé déwé ing Bandoeng. Wongé ing kono tansah moenḍak-moendak baé kèhé. mBok menawa lawasing lawas gedéné bisa ngoengkoeli Betawi.

A. 1. Negara Betawi karo Bandoeng ikoe gedé