Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

23

B. 1. Kali Tji Taroem sarta kali Tji Manoek ikoe toeké ana ing paresiḍènan endi? 2. (Isènana: toek oetawa moewara.) Iliné kali ikoe ora ana sing saka .... menjang...; angger kali iliné ja saka.... menjang... 3. Koebengé goenoeng ikoe sing amba ing agendi? 4. Paresidenan ing tanah Djawa-Koelon ikoe sing gedé déwé endi? 5. La ing tanah Djawa-Tengah, sing tjilik déwé endi? 6. Tanah Djawa-Koelon, Djawa-Tengah, Djawa-Wétan, teloe ikoe endi sing gedé déwé? 7. Isènana: Bogor ikoe sa....é Betawi; Tjirebon ikoe sa....é Semarang. Sérang ikoe sa....é Mr. Cornélis. 8. Goenoeng Karang ikoe ana ing paresidenan endi? La Tjermé? 9. Ana ing ngendi panggonané goenoeng Gedé, Tangkoeban Praoe, Slamet, Semèroe, Ardjoena, Soembing? 10. Negara sing ana saeloré goenoeng Ardjoena ikoe negara endi? 11. Aranana tapel watęsé paresiḍènan Tjirebon! 12. Wongé ing paresidènan Betawi karo ing koeta Betawi ikoe akèh endi? 13. Goenoeng Tjermé ikoe ana ing koeta Tjirebon apa ana ing paresidènan Tjirebon? 14. Saka Betawi menjang Tjirebon, karo saka Tandjoeng-Prioek menjang pesisir kidoel, adoh endi? 15. Jèn kowé ana ing gisik, jèn mbeneri apa sikilmoe ketjeloeb ing banjoe; jèn erob, apa jèn esob?

10. Tanah pagoenoengan.

Ing sakidoelé tanah ngaré maoe ana tanah pagoenoengan; akèh goenoeng-goenoengé. Pagoenoengan maoe wiwit saka ing Banten mengétan, tekan ing goenoeng