22
akèh temen sekolahané? Apa ta preloené. 7. Jèn mlakoe ana ing Betawi, arep noegel dalan, koedoe sing awas! Jèn ora awas-awas, sok tjilaka. Apa sababé?
A. 1. Saka Betawi menjang Tjirebon jèn noenggang sepoer, keprijé lakoené? 2. Jèn ora noenggang sepoer, noenggang apa? Darat apa ija bisa? Keprijé? 3. Pangeniné pari ikoe ing mangsa apa, oetawa ing sasi apa? 4. Negara sing ngongkang Tji Liwoeng, negara endi? 5. Kali ing tanah Djawa, lijané Tji Liwoeng, endi? 6. Kali-kali maoe woetah ing segara endi? 7. Kali ikoe ing doewoer karo ing ngisor santer endi? 8. Jèn mangsa apa kali-kali pada tjilik? 9. Endi goenoeng-goenoeng ing tanah Djawa sing wis koweroehi djenengé? 10. Goenoeng ikoe ing poetjak karo ing sikil, panas endi, adem endi? 11. Ing goenoeng sing doewoer-doewoer ora ana wit apa? 12. Sing kleboe tanah Djawa-Koelon ikoe paresiḍènan endi? La sing kleboe tanah Djawa-Tengah endi? Sing kleboe tanah Djawah-Wétan endi? 13. Panggonan sing ramé, sing tjeḍak negara Betawi, endi? 14. La sing tjeḍak karo kali Tji Taroem ija aranana kabèh. 15. Aranana watesé tanah Djawa. 16. Sanding tanah. Djawa ana poeloné teloe; ikoe poelo endi? 17. Tanah Djawa ikoe kena dipérang dadi patang pérangan. Keprijé pemérangé? 18. Ing paresidènan Betawi karo ing Tjirebon ikoe akèh tandoeran apa?