Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

21

gedé-gedé, toko Landa sing éndah-éndah; akèh hotèl sarta gedong bioskoop; ana omahé kemiḍi, moesioem, tangsi-tangsi, roemah sakit, grédja-grédja lan lija-lijané.

Omah sing apik-apik ikoe maoe sing akèh ana ing Weltevreden, rada adoh saka ing pesisir. Kampoengé sing geḍé-gedé, kajata: Noordwijk (wong Betawi ngarani Norbèk), Rijswijk, Molenvliet. Ing koeta lawas hawané panas sarta ora kepénak, marakaké lara panggonané tjeḍak pesisir. Ing kono akèh kantoré gedé-gedé.

Ratané, wong liwat seloer baé. Tetoenggangan slira-sliri akèh banget. Motor, kréta, dokar, sepéda, ora ana kenḍaté. Ing kono ija ana trèm élèktris oetawa lèstrik sarta trèm sing dilakokaké nganggo koekoes.

A. 1. Ing Betawi ikoe ana toenggangan roepa-roepa; mara aranana. 2. Njeboetna djenengé kampoeng saweroehmoe. 3. Ing Betawi ana gedong-gedong lan omah-omah apa? 4. Sing akèh kantoré kawak ing ngendi; ing Weltevréden, apa ing Betawi lawas? 5. La negarané apik endi?

B. 1. Oepama kowé manggon ana ing Betawi, seneng endi ana ing Betawi lawas karo ana ing Weltevreden? 2. Généja Kangdjeng Toewan Goepernoer- Djéndral kok ora remen manggèn ana ing Betawi? 3. Généja toko-toko Landa kok akèh ing Betawi karo ing Tjirebon? 4. Jèn leloengan saka ing omahmoe menjang Betawi ikoe pirang dina? 5. Wong koelit poetih ikoe ora mesti jèn Landa; ana wong . . . ., wong . . . ., wong . . . .,6. Ing Betawi généja kok