Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

19

baja, digawèkaké plaboehan ségogan bagoes, kena dileboni praoe kapal sing gedé-gedé banget.

Banjoe segara ikoe ora mesti agoeng baé. Jèn angok, arané soeroet oetawa sob. Jèn erob, banjoené agoeng. Jèn mbeneri sob, ing pinggir banjoené asat; dadi dasaring segara katon anglétak. Ikoe aran gisik. Ing kono akèh tjangkoké karang, djingking lan batang kéwan roepa-roepa; apa manèh rereged lijané.

Ing pesisir sok ana lentérané doewoer. Lentéra ikoe dianggo panengeran marang wong kang pada lelajaran, bisa weroeh papan prenahé praoené.

A. 1. Praoe kapal sing gedé-geḍé ikoe jèn ana ing negara ngendi bisa mèpèd ing daratan. 2. Jèn ana ing Tjirebon oetawa ing Indramajoe, sing bisa mèpèd moeng praoe sing keprijé? 3. Ing gisik ikoe akèh apané? 4. Lentéra laoet ikoe toemrapé wong lelajaran kanggo apa? 5. Praoe kapal sing gedé-gedé, jèn ana ing Tjirebon ora bisa mleboe menjang plaboehan ing...., bisané moeng ana ing . . . baé. 6. Segara diseboetaké rob ikoe, jèn keprijé?

B. 1. Praoe kapal sing gedé-gedé, jèn ana ing plaboehan ing djaba, keprijé jèn arep ngoedoenaké momotané; lan keprijé jèn arep ngoenggahaké momotané? 2. Généja gisik ikoe kok ora kena diambah ing wong? 3. Gisik ikoe ana ing saantarané apa? 4. Jèn wong ana ing gisiké koeța Tjirebon, jèn madep mengalor weroeh ..; jèn madep mengidoel, weroeh ....