Kaca iki wis dikorèksi
18
7. Segara Djawa.
Akèh praoe dagang gedé-gedé lan praoené wong amèk iwak sing ngambah segara Djawa. Praoe kapal sing geḍé-gedé ora bisa minggir menjang pesisir, sabab segara sing sanding pesisir tjetèk. Dadi manḍeg ana
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Palaboehan Tandjoeng-Prioek.
ing plaboehan ing djaba, rada adoh saka pinggir, watara loro teloeng pal saka ing gisik. Praoe amèk iwak bisa nganti tekan ing pinggir, mleboe menjang plaboehan ing djero, sing ana ing pesisir. Negara sing ngongkang segara, akèh sing ana plaboehané ségogan tjilik. Ing Tandjoeng-Prioek lan ing Soera