17
Sawah ikoe, jèn lebar panèn, bandjoer ditandoeri palawidja, kajata: djagoeng, téla kaspé, katjang tjina, tembako, widjèn, kedelé, kentang djawa, tales sapanoenggalané.
Ana sawah, jèn lebar panèn, ditandoeri pari manèh. Sawahé diarani sawah gaḍoe; pariné, pari gadoe.
Jèn mangsa ketiga, ora ana banjoe, sawah maoe diberakaké baé.
A. 1. Pari ikoe wiwit njebar, nganti dadiné beras,
kena diliwet, nganggo dikapakaké? Tjritakna sing
oeroet. Wiwitané disebar ana ing...., bandjoer di....
ana ing sawah; jèn wis oemoer 4 sasi, pari wis
toewa, di.... ing wong. nganggo.... Jèn wis
garing di.... ana ing lesoeng, bandjoer dib.... lan
dis.... ana ing loempang. Jèn wis resik, dil.... ana
ing kendil oetawa di.... ana ing.... 2. Sawah ikoe
garingé jèn mangsa apa? 3. Panjebaré pari ikoe jèn
mangsa apa? 4. Panèné, adaté sasi apa? 5. Palawidja
ikoe penandoeré jèn mangsa apa? 6. Ngaranana djenengé palawidja sawetara. 7. Pari gadoe ikoe pari
sing keprijé?
B. 1. Jèn nandoer pari ana ing sawah, kok arang, ora rapet kaja nalikané ana ing pinihan ikoe, preloené apa, ta? 2. Pemloekoené sawah lan penggaroené ikoe ing mangsa apa adaté? 3. Soepaja pari adja nganti dientèkaké glatik, keprijé rékané wong tani? 4. Wiwité ndjaga sasi apa? 5. Jèn mangsa apa sawah wis ora
ana pariné?
v. REIJEN karo v. DIJCK, Ngèlmoe Boemi.
2