Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

16

wis rong tjengkang oetawa rong kilan diḍaoet; bandjoer ditandoer ana ing sawah. Penandoeré arang-arang.

Jèn wis patang sasi, wohé wis toewa. Banjoené diesat. Sawah bandjoer koedoe ditoenggoe, adja nganti pariné entèk dipangani ama: manoek sapanoenggalané.

Sing ngenèni wong wadon. Woelèné dipețeti nganggo

Anggarap sawah.

ani-ani. Jèn oewis, pariné di-epé disik, bandjoer dioenggahaké menjang loemboeng. Jèn ana preloené, ditoetoe. Enggoné noetoe ana ing lesoeng. Wiwitané dadi gabah. Ana sing dadi beras setitik. Bandjoer dibebak ana ing loempang. Gabahé dadi beras kabèh. Bandjoer disosoh, karebèn ilang katoelé. Jèn wis resik, bandjoer diliwet oetawa diedang.