15
Kali tjilik sidji: Tji Liwoeng. Ana kali gedé loro ing tanah ngaré kang kaseboet ing doewoer maoe. Djenengé keprijé?
A. 1. Njeboetna djenengé negara sing ramé: pitoe, kang ana ing tanah pasawahan (tanah ngaré) maoe. 2. Sing gedé déwé endi? 3. Sing ngongkang segara, endi? 4. Kali Tji Liwoeng ikoe woetahé ana ing segara endi? 5. Djenengé goenoeng-goenoeng sing wis koweroehi seboetna saka wétan mengoelon sing oeroet: goenoeng Tj..., T.. P...., G...., K.....
B. 1. Negara sing sanding kali Tji Liwoeng, endi? 2. Pira dawané tanah pasawahan kang kaseboet ing doewoer? 3. Jèn dilakoni motor saka koelon mengétan, bisané tekan pirang djam, jèn lakoené motor 30 KM. sadjam? 4. Negara endi sing wongé ora ana 20000 (ndelenga atlas)? 5. Kali Tji Taroem ikoe lakoené ngliwati ing paresidènan ngendi? 6. Jèn kowé ana ing Sérang, goenoeng sing katon goenoeng endi? Saka ing Tjirebon? saka ing Bogor?
Pari ikoe penandoeré ana ing sawah oetawa ing pagagan. Sing akèh, ana ing sawah. Tandoeran pari ikoe dojan banjoe banget. Moelané wong tani banget pangoediné, moerih sawahé adja nganti koerang banjoe.
Jèn laboeh, pari wiwit disebar ana ing pinihan. Ora lawas bandjoer toekoel, pipid baé. Jèn doewoeré