14
B. 1. Akoe wis taoe weroeh gambaré para residèn ing tanah Djawa lan Madoera amor karo para ratoe Djawa. Mara, tjatjahé ana wong pira? 2. Kali Brantas ikoe iliné nradjang paresidènan ngendi? 3. Paresidenan sing gedé déwé ikoe paresiḍènan endi? 4. Paresidènan endi sing katjakan segara Djawa? 5. La sing katjakan segara Indi? 6. Sing ana ing sakidoelé paresidènan Pekalongan ikoe paresidènan endi? 7. Sing ana ing saloré paresidènan Madioen lan Kediri ikoe paresiḍènan endi? Saoepama kowé ana ing satengah-tengahé paresidènan Besoeki; jèn kowé mengalor bener andjog ingendi? Jen mengidoel tekan ngendi? La jèn miber mengoelon, andjog ngendi? La jèn mengétan? 9. Goenoeng-goenoeng sing wis kosinaoe ikoe seboetna, doenoengé ana ing paresi- dènan ngendi? 10. Dalan sepoer sing saka Soerabaja menjang Bandoeng ikoe ngliwati paresidènan endi?
Sanding pesisir lor, tanah Djawa ikoe, saka koelon pisan, tekan ing Tjirabon, lemahé enḍèk; ingkono mèh sawah tok-tok waé.
Tjoba golèkana ing kar, sing kaseboet ing ngisor iki:
Negara oetawa panggonan sing ramé pitoe: Meester Cornélis, Buitenzorg oetawa Bogor, Sérang, Poerwakarta, Tjikampèk, Tjirebon.
(Betawi wis kaseboet ing ngarep.)
Goenoeng papat: Goenoeng Karang, Gedé, Tangkoeban Praoe, Tjermé.