Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

13

4. Paresidènan.

Tanah Djawa ikoe kena disilah dadi 16 pérangan. Sa pérang-pérangané aran paresidènan. Djenengé paresidènan-paresidènan maoe kaseboet ing gambar. Sinaoenen!

Banten, Betawi, Prijangan, Tjirebon, ikoe kabèh kaleboe Djawa-Koelon.

Pekalongan, Semarang, Rembang, Banjoemas, Keḍoe, Ngajogjakarta, Soerakarta, Madioen, Kediri, ikoe Djawa-Tengah.

Soerabaja, Pasoeroean, Besoeki, ikoe Djawa-Wétan.

Madoera ikoe ija paresiḍènan.

Sing manggeḍèni sidji-sidjining paresidènan maoe prijaji Walanda, pangkaté residèn. Dalemé ana ing koeta kradjan.

Ing koeta Ngajogjakarta sarta ing Solo ija ana residèné. Kedjaba ikoe ija ana ratoené Djawa. Ing Ngajogja ratoené: Kangdjeng Soeltan sarta Kangdjeng Pangéran Pakoe-Alam.

Ing Solo: Kangdjeng Soesoehoenan sarta Kangdjeng Pangéran Mangkoe-Negara.

Paresidènan Ngajogja karo Solo ikoe jèn digemblengaké dadi sidji, diarani tanah kraton Jodja-Solo.


A. 1. Paresidènan endi sing kleboe golongan Djawa-Wétan; endi sing kleboe Djawa-Tengah; endi sing kleboe Djawa-Koelon? 2. Ratoe Djawa sing kerep ngendikan karo Kangdjeng Toewan Residèn Solo ikoe sapa? 3. Ratoe Djawa sing dedalem ana ing Ngajogja ikoe sapa?