12
Goenoeng ikoe jèn doewoer banget, ing poetjak ija adem banget. Banjoené ing kono jèn bengi sok ndjendel dadi ès. Ing tanah Djawa kéné ana goenoeng sawatara sing doewoer banget mengkono. Ing pèrèngé ademé adem kepénak, betjik dianggo petirahan. Jèn wong lara manggon ing kono, adaté énggal mari. Wong sing awaké ringkih, kerep lara, ija betjik tirah menjang tanah pegoenoengan.
Ing pegoenoengan ikoe tetoekoelané gèsèh karo ing tanah ngaré. Ing pegoenoengan akèh kekembangan, nanging krambil ora ana.
Goenoeng ing tanah Djawa sing doewoer-doewoer: Semèroe, Ardjoena, Soembing, Slamet.
A. 1. Mara ngaranana djenengé goenoeng sing doewoer-doewoer ing tanah Djawa. 2. Goenoeng ikoe ana printjèné teloe; mara aranana djenengé. 3. Goenoeng ikoe sing koebengé tjijoet ing ngendi? 4. Goenoeng ikoe ing doewoer keprijé? 5. Banjoe ikoe jèn adem banget, dadiné keprijé? 6. Ing tanah pegoenoengan sing doewoer-doewoer, toekoelané sing ora ana apa? 7. Ing tanah Djawa ikoe goenoengé akèh apa sețițik? 8. Jèn moenggah goenoeng ikoe, généja kok nganti soewé bisané tekan ing poetjak?
B. 1. Saeloré goenoeng Ardjoena ana negara endi? 2. Goenoeng Soembing ikoe ana ing sakoeloné negara endi? 3. Jèn kowé ana ing pèrènging goenoeng, tjeḍak karo poetjaké, jèn arep toeroe, apa sing koprelokaké? 4. Kali Brantas ikoe toeké ana ing goenoeng endi? 5. Sing katon saka ing negaramoe goenoeng endi?