Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

10

Karo manèh tanah Djawa ikoe ija akèh kaliné. Toeké ana ing pagoenoengan, mili menjang segara. Kali sing gedé ana nem: Kali Brantas, Kali Solo, Tji Manoek, Tji Taroem, Tji Tandoej, Kali Srajoe.

A. 1. Kowé omahmoe ngendi? 2. Negara ngendi manèhé ing tanah Djawa sing wis koweroehi djenengé? 3. Ngaranana negara teloe sing ngongkang segara. 4. Ngaranana sing adoh karo segara. 5. Tjoba ngaranana kali nenem ing tanah Djawa, sing gedé-gedé. 6. Kali-kali maoe iliné menjang endi?

B. 1. Solo ikoe tjedak kali endi? 2. Kali sing mili menjang Soerabaja, kali endi? 3. Bandoeng ikoe tjeḍak karo kali endi? 4. Ngajogja ikoe sa....é Semarang. 5. Betawi ikoe sa....é Bandoeng. 6. Solo ikoe sa....é Ngajogja. 7. Poelo sing tjeḍak Sarabaja ikoe poelo endi? 8. Jèn wong saka Betawi arep menjang Soerabaja bisa noenggang . . . .; ikoe metoe ing daratan. Metoe ing . . . . ija bisa; ikoe noenggang 9. Kali Solo sarta kali Brantas ikoe woetah ing segara endi? 10. Kali jèn sok bandjir kaé, jèn mangsa apa?


3.Goenoeng-goenoeng.

Ing tanah Djawa iki akèh goenoengé.

Goenoeng-goenoeng ikoe sing akèh, ing sikilé, koebengé amba banget. Moenggahé menjang poetjak majad banget. Moelané jèn wong moenggah ing goenoeng saka ing sikil, bisané tekan ing poetjak sok nganti pirang-pirang dina.