1. Wangoené lan watesé tanah Djawa.
Tanah Djawa ikoe aran poelo, sabab kinoebeng ing segara. Sanding tanah Djawa ija ana poelo manèh rada tjilik, djenengé poelo Madoera. Tanah Djawa ikoe ing sisih koelon amba; wétané sing amba ikoe bandjar tjijoet; rada mengétan setitik amba manèh, sarta bandjoer tjijoet manèh. Dadi sing amba ana rong enggon, sing tjijoet ija rong enggon; panggonané selang-seling.
Ing sisih kidoel tanah Djawa ikoe, watesé segara Indi; ing sisih elor segara Djawa. Segara Djawa ikoe
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
sing sanding pesisir ora djero. Nanging jèn segara
Indi, sanding pesisir wis djero.
Watesé tanah Djawa ing sisih koelon: soepitan Soenda. Jèn saka tanah Djawa mengoelon, mlangkah soepitan maoe, tekan Soematra. Soematra ikoe ija poelo, toer gedé.
Sawétané poelo Djawa bener: soepitan Bali; bandjoer poelo Bali.
A. Pitakon bab apal-apalan. 1. Saeloré tanah Djawa, segarané aran segara endi? 2. Ing