mring India, wakil Présḍèn krana sakit
gya baḍé istirahat
duk samana ingkang dipun srahi
pimpinané Pemerintah pusat
minangka dadi wakilé
jèku Najaku telu
Perhubungan lan Ḍalam Negri
katrinja Kehakiman
supaja sarudjuk
rèhning kalih saking tiga
Mentri kempal wonten ing Sala nagari
kuwaos amranataKementrian sadaja binagi
antarané Najaka tetiga
tan lali peprintjènané
wusana dalunipun
wus pradjandji arapat malih
nanging dupi djam lima
nungka warta drudjug
bilih mungsuh sampun prapta
sangang kilo saking Surakarta nagri
antawis Kartasurasanalika ladjeng biḍal sami
datan saged ngwontenaken rapat
awit saking kesusuné
duk samana wus nusul
Mentri Supeno lagja prapti
angempal Mentri papat
nudju Tawangmangu
Pak Peno tuwin Pak Santo
Pak Mashadi Pak Saleh Susilowati
samya nunggil ponḍokanPak Mashadi kang sinebut nenggih
jèku ngasta pimpinan Ḍjawatan
Pembangunan bagiané
lamun Pak Saléh iku
Perhubungan lan Ḍalam Negri
déné asma wanita
7