KINANTI
dereng ing tyas angengidung
apa kang wus sun alami
wiwit wadyabala Landa
chianat tjidra ing djandji
njerang tan mawi wawarta
Indonesia Republikjèku ḍawah dinten Minggu
kaping sangalas njarengi
Ḍésèmber ingkang wulannja
warsa nut tahun Maséhi
sèwu sangang atus miwah
kawan dasa wolu nenggihduk samana kang ginempur
déning motor-mabur Wlandi
lapanganing kapal-terbang
Maguwo trus dèn ebroki
ladjeng sru njerang Ngajogya
ibukotaning Nagariduk mjarsa kang wus atempur
énggal anggènnja baḍami
Pak Santo lan Pak Kasimo
jèku kakalihnja Mentri
kang nudju wonten ing Sala
samja tuwi kulawargikang dadi golonging rembug
wangsul mring Jogja dèn aglis
perlu netepi kwadjiban
wit pra Mentri rapat pasţi
djam wolu éndjang gja biḍal
numpak auto kalih samiwau ta ingkang winuwus
dupi praptèng Krapjak dési
kidul kilèn Kartasura
dwi kapal-terbang kaèksi
anjerang sarwa sru hébat
swaranja anggegirisi
5