ngutjap sukur mak plong rinaosing kalbu
dupi pra lalana
wates Sala dèn langkungi
mandjing tlatah kang wus tinilar Walandawantji beḍug praptèng Karangsari ḍusun
kampir kalurahan
Pak Tjamat nudju konprènsi
Sang Najaka sinuwun ameḍar sabdawus djam telu praptèng Semin dusunipun
nuli pra lalana
lerem ing klurahan sami
sanget lega saged ngasokken saliraéndjangipun siswa kalih gja ingutus
ngarsaning Sri Sultan
ngaturken nawala resmi
kang wosipun njuwun pineṭuk tumpakanlet rong dalu duta kalih wangsul sampun
ngaturken pawarta
Sri Sultan sukéng panggalih
dupi mjarsa Pak Santo wus énggal praptakarsanipun Pak Santo baḍé pineṭuk
Sri Sultan prijangga
saking Pijungan kang dési
pra lalana duk mijarsa klangkung bingahéndjangipun sami nrusken lampahipun
mruput bangun éndjang
gja biḍal anilar Semin
surup mandjing Sambipitu raning désasukunipun Bu Sus katon sami mlenṭung
rèhning wus tetéla
datan saged djalan kaki
milanipun klakon tinanḍu lampahnja
47