ngetjuprus omongira
ananging kutjiwanipun
umuk angalem prijangga
dupi tanggal tiga Djuli
Lurah Mudjing jun mahargja
Pak Santo lan pandèrèké
anjegah ringgit peṭilan
ngantos gangsal rambahan
Sang Najaka paring ḍawuh
mrih rila labuh Nagaratanggal tjatur wulan Djuli
pra lalana sami biḍal
mring ḍukuh Saba lampahé
kampir tuwi Sang Panglima
kang wus nampi pawarta
Pemerintah wangsulipun
wulan Djuli ping sadasaPak Dirman sung pamrajogi
manawi tindak Ngajogja
amrih rahaju lampahé
kedah énggal sinabrangan
telatah Surakarta
jèn wus ngantjik ing Matarum
kénging lerem sawataragangsal Djuli biḍal sami
tindakira gegantjangan
mring ḍusun Geneng purugé
kinanṭènan dwi pengawal
Matradji lan Dalidja
djam satunggal prapta sampun
njaré wismané Bu Opaséndjangira trus lumaris
anglangkungi Banjakprada
sanget rekaos marginé
lingsir surja praptèng Sétra
kèndel ḍahar sakeḍap
45