ing Ngadiradja kumpul
kaṭah siswa kang sami ngungsi
madeg S.M. darurat
tjatur gurunipun
saja redja wusnja pindah
Pak Bupati lan Patih Achmad Soepardi
njelaki Ngadiradja
kalih minggu njaré Nagasari
pra lalana nunten sami biḍal
mring Kasihan lumarisé
kampir wisma Pak Ranu
ing Tulakan markasirèki
sinegah ḍahar sijang
kikil lawuhipun ...
djam lima praptèng Kasihan
wisma guru ingkang sami dèn inepi
Pak Djumaah arannjasontenipun prapta sowan srimbit
Pak Wedana distrik Tegalamba
Pak Buwono peparabé
guru Djumaah iku
amem kèndel asemu isin
kosokwangsul istrinja
tjanțas tangkepipun
Pak Wedana Tegalamba
sanget nlangsa margi duk djaman PKI
barang telas rinampasing Kasihan njaré kalih ratri
nuli biḍal anerusken lampah
dusun Kemuning arahé
Pak Dana datan kantun
Tegalamba wus dèn liwati
tabuh lima wus prapta
dusun kang tinudju
ing ngriku katon tinengga
Bapak Tjamat Tegalamba asarimbit
Soehirna aranira
43