glendam-glendem lutju
mitjara tur wasis njrékal
remen sastra apal tjrita lebdéng tamsil
Wulangrèh Wéḍatama
dupi tanggal kalih dasa Mèi
anjarengi hari Kebangsaan
sami mahargja sedyané
mring Sidamulja ḍusun
ngiras tuwi Bapak Bupati
lelangen ringgit tjutjal
keṭoprak tan kantun
duk kaping tri nem wulannja
wiludjengan amèngeti satus ari
sédanipun Pak Penotanggal lima djroning sasi Djuni
pra lalana sami pinḍah grija
mring Nagasari désané
wondéné Lurahipun
Padmawidjaja asesilih
kèh pangalamanira
mbanjol remenipun
nadyan kalih bengkokira
ambeg darma kaṭah ingkang dèn tulungi
lir kraton lit wismanjaduk nalika malem Djumwah Legi
wulan Djuni malem ping pitulas
Lurah mahargja karepé
Pak Santo wetonipun
dinten Kamardikan njarengi
lelangen ringgit tijang
minangka pisungsung
malemé tanggal sangalas
ngwontenaken malem perpisahan resmi
ngantos mèh midjil surjaḍistrik Lorog tlatah aman jekti
mèh tan kenḍat ungeling pradangga
ngangkang dumeling swarané
42