mrih tan tjuwa ingkang sami njuwun suntik
tinurutan sadaja
ing Tandjunglor njaré gangsal ratri
pra lalana nuli sami biḍal
mring ḍukuh Pakis purugé
taksih winengku Tandjung
Djagabaja kèn dèn pondoki
sanget nḍelik grijanja
munggwing lèrèng gunung
Bapak K.D.M. Patjitan
dumarodjog prapta sowan amanggihi
Harsana ingkang karangenti kotjap ran Slamet Sukardi
pemuḍa nḍèrèk wit Karangtengah
lantip trengginas solahé
punika pan ingutus
mring Panaraga amanggihi
Bupati Bapak Tjakrakang sampun tinukup
sandi wus pikantuk karja
saged wangsul mbekta barang rupi-rupi
kintunané Pak Tjakraanèng Pakis katamuwan malih
Komanḍaning perang Pertempuran
Pak Ranu kaptèn pangkaté
aturipun Pak Ranu
ing Patjitan mengsah wus tipis
gérilja trus lumampah
mengsah sring pinukul
duk punika nunten gerah
Sang Najaka kanḍeg ing ḍekahan Pakis
ngleremaken salirawonten Pakis kalih dasa ratri
sandi mengsah pasṭi wus uninga
mila pindah prajoginé
dusun Boḍag tinudju
kalurahan kang dèn inepi
Lurah Kartasentana
41