tanggal sanga duk ing wulan April
pra lalana nilar Karangtengah
maring Ketanggung purugé
Lurahé nudju kaul
tambah putu lahir basuki
nedya ngluwari udjar
ngwontenaken djanggrung
Sang Najaka saged pirsa
tatatjara désa pra pemuda tani
anajub parisukaing Ketanggung lerem saptèng ratri
pra lalana ngladjengaken lampah
Ngadiradja tudjuané
kita pilenggahipun
Pak Wedana Lorog kang distrik
lerem ing kawedanan
njaré mung sadalu
pra lalana sukéng drija
sinugata Bu Dana wasis tur trampil
nadyan sanga putranjaéndjangipun nrusken lampah sami
mring Tandjunglor lèrèn wismèng Lurah
Atmawijata karané
Lurah Tandjunglor iku
watak kèndel djatmika wasis
solah bawa ndjanaka
klètjem semunipun
Pak Ananta lan kantjanja
sami manggèn ing klurahan Wanasari
sing Tandjung datan tebahsanès dinten pra lalana sami
tindak tuwi Pak Dokter Soekidjan
ing Wanadadi lenggahé
katah panḍèrèk njuwun
pinariksa tuwin sinuntik
sanadyan kang badannja
gemuk lema genḍut
Pak ḍokter lubèr budinja
40