nuli nrusken lampahipun
pinutus purugira
ḍusun Siki klangkung sepi
sami njaré wismanira Bapak Lurah
telung dina leremira
manggèn padukuhan Siki
nuli sami nrusken lampah
mring Sawahan raning dési
nglangkungi kali bandjir
anjabrang sarwi tinanḍu
praptèng dusun Sawahan
sampun dangu nggènnja nganti
Pak Onder Panggul lan Pak Wedana Kusnomung saratri nèng Sawahan
éndjangira biḍal malih
maring ḍusun Karangtengah
lampahira minggah ardi
kang andeder tur rumpil
inganter Pak Dono Panggul
turut margi tembangan
nglipur kang sami lumaris
nḍanḍanggula énak empuk gawé bingar
ḌANḌANGGULA
Karangtengah ḍusun munggwing redi
lurahira Sarbini arannja
wasis amimpin rakjaté
duk anom dadi guru
mila tjukat tur sarwa trampil
ngatur butuhing désa
lan botrépotipun
nadyan bengkoké tan tampa
saged madeg saking ichtiar pribadi
duwé Sekolah Rakjatpra lalana merlokan martuwi
Pak Wedana miwah kulawarga
ing kiṭa Panggul lenggahé
38