duk ing djaman P.K.I.
sakalangkung nlangsanipun
Pak Santo tan kawratan
uger Pak Resḍèn ngrudjuki
Pak Mudajat bjantu Gubnur Djawi-Wétan
ing Trenggalek pra lalana
sinugata luwih-luwih
Pak Suwardi miwah garwa
sanget gènira gumati
dadakan motong kambing
saté gulé empuk mumut
pramila sanget tjuwa
tan dangu kapeksa pamit
wit ing kiṭa pasṭi kaṭah sandi mengsahping triwelas wulan tiga
Trenggalèk tinilar ngalih.
Pak Dana distrik Karangan
ingkang aranira Lantip
tangkas miwah pratitis
sumengka merlokké meṭuk
gja sami nitih ḍokar
mila énggal praptèng Blimbing
njaré wismanira Pak Martadimedjagangsal dalu leremira
wonten ing ḍekahan Blimbing
nuli biḍal ḍateng Ḍangka
inganter Pak Dana Lantip
djudjug wismaning tjarik
ing kono katon tinunggu
Pak Dana Panggul Kusno
Pak Onder Ḍangka tan kari
sanget suka pinanggih sami rahardjaPak Wedana Panggul Kusno
tjukup tumindaking kardi
wisma kagem pra lalana
wus dèn atur sanget rapi
ing Ḍangka pitung ratri
37