sang Najaka Pak Soepeno
kang gugur labuh Nagari
éndjangipun wis kinira
kapireng tengara amratanḍani
praptaning kang montor mabur
mila gja gegantjangan
langkung Senḍang lan Segawé lampahipun
praptèng ḍusun Wanaredja
ing kono njaré saratrinunten sami nrusken lampah
langkung punṭuk Budjel namaning ardi
gegantjangan gja tumurun
mring Tlasih raning ḍekah
lan Trenggalèk mung pat kilo tebihipun
nuli pineṭuk ing ḍokar
dumugi kanṭi basukiing Trenggalèk pra lalana
lerem wismanira Bu Sus kang bibi
garwané Wedana Pensiun
Pak Suwardi kang asma
sanget suka pinanggih pénakanipun
Pak Santo ugi wus tepang
duk anom Lanrèh Keḍiri
SINOM
Trenggalèk kang winursita
wus dèn bumiangus jekti
kabupatèn lan kundjaran
sadaja bangunan Nagri
sampun ginempur gusis
namung kantun tilasipun
dalah remukan bata
telas dipun angkut abismilanipun kita katon padang djingglong
ing Trenggalèk pra lalana
sami merlokken manggihi
K.D.M. Tulus arannja
35