KINANTI
Salamdjuḍeg kang winuwus
pranjata kesrakat miskin
saja-saja duk samana
njarengi mangsa patjeklik
penduduk ingkang dèn teḍa
namung gegoḍongan mligipra lelana ḍaharipun
beras ingkang dèn tjampuri
keḍelé sareng bineṭak
kinemah anggraul njlilit
awit saking tan kulina
kawitan paḍaran sakit
|<poem>minangka lawuhanipun
nora towong saben hari
wastanira bebanjolan
kelan djangan bamburuntjing
prandéné sumjah mirasa
énak seger tan boseniswidji dina katon rawuh
Bapak Gupernur Moerdjani
kekalih panḍèrèkira
Pak Soedjono Pak Sanoesi
pinanggih sami rahardja
suka sukur ing panggalihBapak Militèr Gupernur
Pak Soengkono kang wewangi
dupi tampi palapuran
wismaning Najaka kalih
nuli atur pamrajoga
pindah ponḍok langkung delikwusnja lerem saptèng dalu
ing Salamdjuḍeg kang dési
nuli pindah lijan dekah
Sumberwuluh raniréki
23