wus mèh serap lagja prapti
dusun ing bawah Sawahan
arané kang désa Baréng
pra lelana sanget sajah
lesu raosing badan
sadinten tan kambon sekul
namung durèn kang dèn ḍahardalunja prapta manggihi
Pak Parmin ingkang peparab
K.O.D.M. djabatané
angaturi pamrajoga
supaja pindah sigra
wit dusun Baréng puniku
datan luput ing bebajamila mruput bangun éndjing
biḍal malih pra lelana
Pak Parmin andèrèkaké
renḍet rekaos lampahnja
miwah tinungka djawah
sinareng prahara lésus
lir Bațara Baju kurdalampahnja anjabrang kali
kang pinudju bandjir banḍang
kaliwat santer iliné
Pak Parmin lan dwi kantjanja
andjegur munggwing toja
ganḍèngan tumantjeb kukuh
anglanting kang sami njabrangnuli praptèng ḍekah alit
Salamdjuḍeg aranira
atis andjekut hawané
manggèn kempal Pak Iskandar
ingkang apangkat létnan
pembantu K.D.M. Ngandjuk
kanṭi mimpin perlengkapan
Kaca:Najaka Lelana.pdf/24
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi