wus sami tiwas
warta dora mutjungi
POTJUNG
kang winuwus Pulung katinggal ginempur
sru saking gegana
sing darat sinerang ugi
wusanané Pulung wus rinebut mengsahmilanipun nedya sigra pindah dukuh
masih wengkon Wajang
aranira ḍukuh Putih
sami manggèn grijanipun kamituwaAllah hijung njai kamituwa njebut
ndremimil sesambat
sanget welas miwah asih
para tamu dipun pidjeti sadajadalu wau dupi sih néndra sadarum
gremeng-gremeng prapta
dwi djanma sinapa lari
wus tetéla jekti mata-mata mengsahnora wurung mesti wus konangan mungsuh
mila sigra pindah
mring wisma kang langkung mentjit
wismanipun mandor-hutan Singakarsanembé rawuh kapireng swara gumuruh
ungeling sendjata
béndrong lir mertjon mbrondongi
ḍusun Wajang tetéla katekan mengsahkaton mlaju mantèn djaler mentas dahup
lan pangiringira
sami mladjeng girap giris
gèk keprijé mantèn wadon kang tinilarmandor Singakarsa dreng panjuwunipun
supados lerema
njaré sawatawis ratri
tan kinabul meksa sami sigra bidal
19