Kaca iki wis divalidasi
- manggihi sang Senapati
panggihanira
gapjuk nrenjuhken galih
sang Panglima alon pangandikanira
apa kang dèn alami
nalikaning Jogja
Ibukota sinerang
Kabinet wus amutusi
dateng Sumatra
Pemrintah Pusat ngalihMeester Sjafruddin sinerahan pimpinan
wit tan na kang andugi
nasibé Najaka
kang tan wonten ing Jogja
nuli sami dèn rudjuki
kirim pawarta
dateng Perdana Mentripara najaka kang tan tinangkep Walanda
supaja dèn akeni
Pemrintah Darurat
dadi bagijanira
ngasta pimpinan Nagari
nuli pamitan
biḍal wangsul dwi Mentrisidji dina wus prapta utusanira
www Najaka Dalam Negri
asuka pawarta
manawa Pak Soekiman
dalah Pak Kasimo sami
lerem nèng désa
ing Ngrambé wengkon Ngawiutusané ugi ambekta pawarta
kawrat ing koran Walandi
jèn kadwi Najaka
Pak Santo Pak Kasimo
kang sinerang saking nginggil