wit kangen Pasunḍan Nagri
sungkawaning galih katon
tanggal gangsal Djanwari Pak Santo turun
Panaraga perlu tuwi
Patih Rider wus pènsiun
anunut Bapak Bupati
gènja tindak nitih montorPanaraga éndjangipun wus ginempur
déning kapal terbang Wlandi
swarané sanget gumuruh
serangan ngébat-ébati
sukur tan na kang katatonbakda luhur Pak Bupati prapta meṭuk
ing margi Pak Santo kampir
amanggihi Kjai Masjkur
risang Najaka Agami
pinanggih ing ḍusun GontorMentri kalih rena ing panggalihipun
pinanggih sami basuki
sami trenjuh manahipun
kèngetan mring kulawargi
kraos nalangsa karongrondupi Mentri Agami tinaros tumut
kempal lan Mentri kekalih
tan prajogi djawabipun
wit jèn mengsah saged manggih
tetiga tinangkep klakondupi katon Pak Santo wus saged wangsul
ing Wajang kanṭi basuki
kang tinilar ngutjap sukur
déné djroning srangan jekti
mundur ngajoman Hjang Manon
DURMA
wus nalika masih lerem ḍusun Serak
Pak Peno amiwiti
angatur usaha