sanès dinten pindah Serak.
ḍusun lèrèng redi Wilis
dupi wonten dusun Serak
prapta utusaning Mentri Agami
Pak Soléman asmanipun
prelu asung pawarta sbsi
bilih Najaka Agama kjai Masjkur
saged ontjat saking Jogja
ing Gontor lerem angungsitan sagah dateng priangga
margi sajah tur mbekta putra alit
awit sanget répotipun
mugi dipun makluma
éndjangipun Pak Soleman nuli wangsul
Pak Saléh pamitan késah
megat mring Mentri Agami
MEGATRUH
dupi lèrèn ing Serak gja prapta gupuh
dumrodjog karan Pamudji
Wakil Résidèn Madiun
pinanggih Najaka kalih
senengira dudu padongènja lerem ing Serak sakawan dalu
nuli samja pindah malih
mring ḍusun sakidulipun
ḍusun Wajang tentrem sepi
ing klurahan gènja manggonlurah Wajang katonipun sampun sepuh
nanging gjatipun kepati
jektinipun tilas guru
pramila sanget taliti
tjikat tur remen gegujondatan dangu prapta Pak Ardiwinangun
jèku ingkang mangarsani
karésiḍènan Madiun
15