tumut metuk wah hébat semangatipu
numpak auto nuli biḍal
nadyan bengi tengah wengi
sareng tjelak Sampung tlatah
autonipun kapeksa njabrang kali
amargi djembatanipun
wus antjur dipun risak
minggahipun kapeksa tinarik lembu
sakeḍap kampir Onderan
sinegah ḍahar lan kopibangun éndjing nuli prapta
wisma pangungsènipun Pak Bupati
Gandawardaja ranipun
ing kiṭa Panaraga
mung sakeḍap datan dangu leremipun
wit ngèngeti kapal terbang
lamun sijang mbebajaninumpak auto nrusken lampah
turut margi mulat ngawasken nginggil
manawa na motor mabur
sukur slamet lampahnja
tabah pitu prapta kawedanan Pulung
ing ngriku tetéla kaṭah
para pegawai kang ngungsiPanitra Sarip Hutomo
lan Ketuwaning Pangadilan Nagri
Pak Rochjani asmanipun
Djaksa aran Soenarjo
sanget kaṭah lamun sadaja sinebut
katon sami sanget bingah
pinanggih sami basukiugi mrangguli pra siswa
Hasan Basri Samodro katah malih
sami sagah ambijantu
samukawis pakarjan
datan wegah mring pundia dipun utus
14