kang wus atinggal glanggang
Tawangmangu dèn ontjati
datan nglawan sumingkir ng ingkucken
PANGKUR
kotjapa kang tjinarita
nudju satungal dinten bakda magrip
ḍawah tanggal sangalikur
Ḍésèmber nunggil wulan
umrodjog prapti krenggosan napasipun
Agèn Polisi Negara
mentas mladjeng sipat kupingmladjeng menṭit saking Parang
prelu ngaturken glis pawarta penting
ḍusun Parang sonten wau
wus kaḍatengan mengsah
anumpak truk datan terang tjatjahipun
pramila prajogi énggal
biḍal saking ḍusun ngrikisigra sami tata-tata
Pak Anu lumadjeng angrumijini
wusana nganti kabentus
mripat ketatap séla
saka banget rikaté anggèné mlaju
tas sanḍal ḍawah tinilar
tjineluk datan mangsulilampu sénter tlérap-tlérap
selot suwé selot parek njelaki
awit wus tan ṭbisa mlaju
mupus badé anjerah
hamdulillah ingkang prapta dalu-dalu
djebulé major Pademan
nedya meuk para Mentridéné auto kang binekta
Bupati Panaraga kang njambuti
assistèn Wedana Sampung
Soemarto aranira
13