Radèn Kodrat Samadikun
gja den kintuni serat
supaja ḍateng manggihi
wangsulanja tjuwa datan saged prapta
dalunipun pinḍah grija
wisma alit nanging asri
ingkang andarbéni wisma
ja Kondèktur kréta api
éman tan saged lami
wit klinteran montor mabur
nedya trus mring Lémbéjan
kono uga mbebajani
mulanira prajogi tetep nèng Parangnadyan tetep tlatah Parang
prajogi kang radi tebih
saking kiṭa kaonderan
Pak Onder tur pamrajogi
manggèn in Ngunut dèsi
saking Parang wolung kilo
bakda mahrip gja biḍal
Bapak Onder datan kari
dugi Ngunut sampun dalu djam sadasatjakap miwah bersemangat
lurah désa Ngunut jekti
mangerti obahing djaman
tindaké tan ngutjiwani
Bok Lurah uga trampil
manjugata para tamu
Pak Lurah tur prajoga
pinḍah grija langkung sepi
wit klurahan lumrahé dadi djudjuganéndjangipun nuli pindah
ḍateng Ḍlisem ḍukuh alit
taksih wengkon Ngunut kradjan
saking klurahan tan tebih
ing kono wus pinanggih
kalawan Pademan majur
12