lamun ingkang rawuh ngungsi
jekti pangageng Nagri
ing Ngajogja sangkanipun
kang nedya alelana
manteb alabuh Nagari
wadjib tinulung amrih samya rahardja
ḍukuh Ḍjeblok iku njata
hawané kaliwat atis
dunungé nèng pagunungan
ḍuwuré banget amentjit
mula gja api-api
mrih nulak aḍem andjekut
néndra akasur merang
akèh pindjalé anggigit
dyan mengkono tilem pules marga sajahéndjangipun nrusken lampah
dugi ḍusun Genilangit
sinugata kanṭi bingah
déning bapak Lurah dési
Pak Onder Pontjol ugi
ḍateng merlokaken meṭuk
wantji sonten gja biḍal
ing Onderan Pontjol kampir
mung sakeḍap nuli pangkat nudju Parangdalu-dalu meksa mlampah
supados énggala dugi
kiṭa kaonderan Parang
obor blarak datan kari
mrih énggal tebih margi
Sarangan Tjemarasèwu
peteng deḍet limengan
menḍung riwut udan grimis
tengah dalu saweg praptèng kang sinedyanuli njaré ing Onderan
Pak Onder sanget gumati
njegah kopi lan ḍaharan
nadyan bengi tengah wengi
Pak Magetan Bupati
11