badan lesu ruweting pamikir
datan wonten nasi kenṭang daharipun
tuwan rumah pakarjanirèki
kepalaning grombol
djaman Ḍjepang Azatyo arané
wus mangerti ingkang sami ngungsi
pemimpin pribadi gupuh dénja tulungéndjingipun nuli biḍal sami
nudju redi Mongkrong
jèku punṭuk kang sanget inggilé
muḍun djurang ngajat minggah ardi
turut lelunguring pèrèng wukir Lawutengah margi kang sami lumaris
dumadak kapregok
laré kalih kesasar lakuné
aran Mardjo akalijan Kusni
menggabung tinari sagah sami tumutwantji sonten mèh djam gangsal prapti
peḍukuhan Djeblok
sami kèndel wus sanget sajahé
pra penḍuḍuk katon sami adjrih
wit djaman PKI kampjak sinom kisruh
SINOM
Ḍjuḍjug grija kamituwa
tetéla sampun anḍelik
amargi kita kinira
kadi PKI rumijin
andjarah rajah sami
ing sakadjeng-kadjengipun
djagung beras dèn rampas
dalah ajam tuwin kambing
radjakaja sampun mèh telas sadajasareng sampun tinerangna
kanṭi djelas saha tliti
anuli saweg pratjaja
10