ladjeng ènget maring kulawargi
kang dèn tinggal sami ing batos sru trenjuh
duh ḍiadjeng Ibuné nakmami
lagi dadi lakon
ingsun kudu pisah lan slirané
anetepi kwadjibaning Mentri
sumingkir mung amrih tan tinukup mungsuhèku bukti gunging sedya mami
nggajuh karahajon Mon
tumrap Bangsa sarta Nagarané
amrih tetep anaa kang mimpin
mardika binudi unggul djuritipunkang sun télad Bagawan Tjiptaning
Mintaraga lakon
dyan Ardjuna anggentur tapané
lelana ing Indrakila wukir
amangun tetéki sumungkem Hjang Agungkang sun pikir tumrenjuh ing ati
anakku kang anom
si wuragil Atmodjo arané
kulinané taksih dèn keloni
ugungan kepati nggulet rama ibumung sira djeng jwa pegat memudji
njenjuwun Hjang Manon
dèn bisaa momong putra kabèh
sun tewakup Allah kang supadi
teguh datan gigrig nanggulangi kéwuhnrusken tjrita rerombongan mami
gupuh numpak montor
sopiripun ja Mahrup arané
ngétan praptèng ḍukuh Gandasuli
wit rintangan margi kanḍeg datan terussigra kampir ing wisma kang alit
lowung antuk ponḍok
kanggo turu ngiras ngleremaké
9