ing ngarsa winuwus
Anggota Badan Pekerdja
ingkang uga mbjantu Pak Peno wus lami
Soesilowati kenja
wisma ingkang samya dèn inepi
jèku villa Brandaris namanja
kang pepak ubarampéné
nunggil wisma sadarum
Pak Sukiman Pak Mardi tuwin
Pak Kasimo Soeroso
Pak Soehardjo kumpul
Meester Kasman lan Prawoto
lan Zainal Arifin katrinja sami
warga Badan Pekerdjagya dèn putus Mentri Dalam Negri
pinasrahan piḍato radio
supaja glis dèn umumké
bilih Pemrintah sampun
binagi pat Najaka sami
tjuwa tan kalaksanan
kang sinedya wurung
kesusul tampi pawarta
wadyabala Walandi sampun mèh prapti
gya biḍal gagantjanganduk samana dinten Rebo kaping
kalihlikur sih nunggil wulannja
tabuh tiga antarané
wit sanget gugupipun
datan saged kentjan baḍami
ḍateng pundi purugnja
nilar Tawangmangu
wusanané nganti peṭal
dados kalih rombongan kang nuli sami
umidjil sesowangan
MIDJIL
nalikanja nèng villa Branḍaris
ngalad-alad katon
bumiangus ing Solo tandané
8