Kaca:Murkane Ibu.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
Mawarku
Eka Ristiyana
SMK Muhammadiyah 1 Wates


Kanggo mawarku...,
Menawa mawar ilang wangine
Wangining awakmu ora entek dipangan sore
Menawa surya iku ilang sunare
Sunaring atimu, nyoroti aku nganti saklawase
Kalem mu sing tak tresnani
Endahing atimu sing tak cedhaki
Muga-muga awakmu bias mangerteni
Yen aku seneng setengah mati.

Guritan ing dhuwur iku diwadhahi nganggo amplop kayadene layang. Ing sandhinge amplop ana kembang mawar. Kabeh mau ana ing dhuwur mejane Mawar. Mawar kuwi jenenge bocah wadon kelas 3 SMA. Dheweke duwe kanca cedhak, jenenge Shanti lan Dhani.

Mawar sing dina iku mlebu kelas kaget lan bingung amarga weruh ana layang lan kembang mawar ana ing mejane. Mawar sing dikenal bocah wadon kalem, pinter, ayu, lan sregep anggone ngibadah ora nyana bakal entuk barang loro mau.

“Ciyeee... Mawar! Wah kayane ana Arjuna sing kepencut ki!" kandhane Shanti sajak nggodhani.

“Ati-ati lo War, aja-aja kuwi saka teroris, wah bias gawat ta!" kandhane Dhani sajak meden-medeni Mawar.

“Woo, terorise mbahmu pa Dhan?” kandhane Shanti.

"Murkane Ibu"

13