Kaca:Murkane Ibu.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Swara bel tandha yen kabeh murid kudu mlebu kelas wis muni. Aril an Ekak banjur padha lungguh ana ing panggonane dhewe-dhewe. Sajrone pak guru paring katrangan bab pelajaran sing diwulangake, bocah loro mau malah padha mikirke le arek gelut, malah ora padha nggatekake apa sing dingendikakake pak guru.

“Kak, piye mengko awake dhewe arep nggawa bala pira lan sapa wae?” pitakone Ari alon-alon.

“Wah sapa ya kira-kira? Ya sing wis kulina melu gelut?” wangsulane Ekak.

“Ngajak Isti wae pa Kak?” wangsulane Ari.

“Ya kena. Isti rak ya kanca rakete awake dhewe ta? wangsulane Ekak.

“Iya Isti wae! Terus piye Arga dijak apa ora apike?” pitakone Ekak.

“Wah piye ya, apike dijak apa ora ya?” Ari bingung,

“Dijak wae pa Ri, mengko Arga ben dadi saksine awake dhewe le gelut” wangsulane Ekak.

“Yoh! Mengko dak SMS Arga.” wangsulane Ari.

“Nanging mengko wae nek awake dhewe wis arep lekas gelut Ri!” wangsulane Ekak.

“Yoh, manut aku. Wah mesti mengko dheweke uga ngajak bala akeh ya Kak?” wangsulane Ari.

“Walah ora dadi ngapa, dheweke Arep nggawa bala sepira akehe, aku ora gigrig, aku arep maju ngarep dhewe! Awake dhewe ora perlu ngajak bala akeh-akeh, cukup aku, kowe, lan Isti. Ngisin-isini yen awake dhewe gelut nggawa bala?” wangsulane Ekak.

“Wah iya ya, mengko awake dhewe bisa digeguyu ya Kak!” guyone Ari.

“Lha iya! Wis ta, aku yakin yen mengko bakal menang awake dhewe. Wisk owe tenang wae Ri!” wangsulane Ekak.

Wong loro kuwi mau pada kebablasen anggone rembugan ngati ora krasa yen wis wayahe budhalan sekolah, Ari lan Ekak banjur cepet-cepet nggoleki kanca rakete wong loro mau, yakuwi Isti. Kebeneran Isti lagi mlaku dhewe.

“Is... Is! Mrene sedhela dakkandhani!” Ari nyeluk Isti.

“Eee, Ri. Ana apa Ri kok sajak wigati banget?” wangsulane Isti karo mlaku marani Ari lan Ekak.

“Ya keneta, mrene dhisik ta Is!” wangsulane Ekak.

4

Antologi Crita Cekak