Kaca:Murkane Ibu.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

loro kuwi mau. Awit saka kedadean kuwi, cah loro mau padha mawas dhiri awake dhewe-dhewe. Tetepungane wong loro mau saya suwe saya rumaket.

Ana ing sawijining dina, Ari mlebu kelase. Lagi wae arep lungguh, dheweke kaget merga ana layang ini ndhuwur mejane. Ari banjur nyeluk Ekak.

“Kak .... Kak mrenea sedhela ta arep dakkandhani!” Ari ngundang Ekak.

“Iya Ri, ana apa Ri?” wangsulane si Ekak.

“Ki lho aku oleh layang! Seka nggone sapa ya?” wangsulane Ari.

“Ha..., ya embuh ta Ri! Aku ya ra ngerti. Coba tak bukae dhisik! Mengkorak ya ana pengirime ta?” wangsulane Ekak. Layang banjur dibukak banjur diwaca.

“Sedhela meneh Arga bakal mbalik neng aku meneh. Kowe bakal ditinggalke karo Arga. Dheweke bakal milih aku tinimbang kowe. Sok pinter, sok-sokan, sokayu meneh. Rupamu kita, ora ngilo, piye kowe ki! Nek kowe isih arep karo Arga tak tunggu neng kampus. Awan iki jam loro pas. Awas NGANTI KOWE RA TEKO!”

Ari kaget banget sawise maca layang. Dheweke banjur takon takon Ekak.

“Wah Kak, sajake iki ana sing arep ngrebut Arga saka aku. Wah, kira-kira sapa ya, Kak?” pitakone Ari marang Ekak.

“Walah, paling ya mung cah kae Ri! Sapa meneh nek dudu Fista, tilasane Arga mbiyen.” wangsulane Ekak.

“Wah ..., apa ya pancen dheweke ya Kak? Iya ... ya! Kurang ajar cah siji kae. Wis jeleh urip pa piye?” wangsulane Ari.

“Lha laying mau surasane muni piye je Ri?” Ekak pingin ngerti isine layang kumau.

“Halah, bocah ki ngajak gelut neng kampus ta Kak!” wangsulange Ari.

“O....ngono ta? Ya wis yen pancen mangkono ya diladeni wae Ri! Rasah wedi yen mung karo bocah kae ki! Tak bela wis. Banjur kapan dheweke le ngajak gelut?” pitakone Ekak marang Ari.

“Mengko sore Kak, jam-jam loronan. Piye kowe bisa ngeterake aku apa ora?” wangsulane Ari.

“Wah, ya oke-oke wae ta! Mengko diparani wae neng kampus! Aku ya wis suwera gelut je!” wangsulane Ekak.

"Murkane Ibu"

3