Kaca:Murkane Ibu.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
Sapa Sing Salah

Rina Anjarwati

SMK PGRI 1 Sentolo


Ari bocah sing apikan. Dheweke kajaba semanak marang kanca-kancane, uga klebu salah sawijining bocah sing nduweni kaluwihan kang manja. Nanging ana ing wektu iki dheweke kerep ngalamun. Ari sing mbiyene semanak lan anteng, saiki ora gelem tetepungan karo kanca-kancane meneh. Sing luwih mrihatinake maneh, biji-bijine wulangan uga dadi elek-elek. Kabeh mau amarga saiki dheweke wis nduweni kanca lanang sing ditresnani. Jenenge Arga. Dheweke kenal Arga wiwit sasi Februari setaun kapungkur. Rikala semana dheweke bisa kenal karo Arga amarga dikenalake dening mbakyune. Lha wiwit tetepungan kuwi mau Ari lan Arga dadi saya rumaket.

Sasen-sasen awal iki tetepungane wong loro kuwi mau apik-apik wae. Yen ana masalah padha dirembug wong loro. Nanging salah sawijining dina Arga wis janji arep methuk Ari ana ing sekolahane. Ari wis ngenteni suwe banget Dheweke dikancani karo Ekak kanca rakete Ari neng sekolahan. Ekak lan Ari wis kekancan awit isih padha cilik mbiyen.

Ari wis kesel anggone ngenteni, wusanane dheweke ngadhang bis karo Ekak. Nalika wis arep munggah bis Arga teka. Dheweke banjur nyeluk Ari, nanging Ari wis ora merdulekake Arga, dheweke tetep bali numpak bis karo Ekak. Arga ora ngira yen Ari bakal nesu banget karo dheweke. Arga banjur nututi si Ari bali. Sajroning lungguh ana ing bis kuwi mau Ari nggedumel dhewe.

“Wah, ngapa ta cah kae ndadak ngetutke barang?” Ari muni-muni dhewe.

"Murkane Ibu"

1