Menyang kontèn

Kaca:Menak Malebari I.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

"Aja mangkono Nak prabu Mukup, kaduwunge Wong Agung Surayeng bumi, yen matia raganingsun, tan wurung sira binendon,”’

7. Angling Sang Rajeng Mukup, "Weruhe saking ngendi Wong Agung, parentahe sang nata ing Kandhabumi, apan ingsun nora gadug, maring Sang Jayeng Palugon.

8. Yen sira arsa usul, lawan ta arep urip sireku, anjaluka parentah ing Ngalabani, apa dene Marmayeku, angungkuli ratuingong.”

9. Anarik pedhangipun, margagah cancut sang rajeng Mukup, "Heh patimu iki Sang Rajeng Medayin!” Nusirwan nangis anggulung, "Rajeng Mukub ingsun kapok.

10. Karyanen ta leskarmu, naging sok uripana ta ingsun, yen kongsia ketemu lan wayah mami, Ki Rustam putreng Marpinjun, mbesuk akeh upahingong.”’

11. Gumujeng rajeng Mukup, ratu panas baranan kalangkung, gelis lejar welasan kepati-pati, kakon aten gagap gugup, naging batine sang katong.

12. Welasane kalangkung, angling, "Heh babo Rajeng Medayun, Nora bisa yen sira njaluka urip, atimu dhewe puniku, wedia doseng Hyang Manon.