Rajeng Mukup sumangga aturireki, ”'Lamun paduka kang nanggung, kula uculi Sang Katong.”
20. Sigra nguculan gupuh, anguswa suku Sang Jayeng Pupuh, rajeng Mukup anggetak: ’’Lah sapa iki?” Nusirwan wus sinung emut, ngrangkul sarwi gero-gero.
21. ”'Dhuh kulup tobat ingsun, Pira utange karatoningsun, anemahi samene tibaning sakit, sakehe nastapaningsun, kaduwung sira Hyang Manon.”’
22. Angling sang rajeng Mukup, »Sampun ta nangis tuwan Sang Prabu, njojodhehi ing laku maksih piningit, dea maksih wadi ing laku, cep menenga Sang Akatong.”
23. Nging maksih sengruk-senggruk, sakabehe tresna lan piduwung, binetahken sinumpet sagung pakarti, mantuk mring kalentheng gupuh, wong agung katri wus lunggoh.
24. Kuneng malih winuwus, Hongtete Cina nimbali nujum, prapta satus ingkang nate anguwisi, ambengkas reruwedipun, nate nampurnakken ewoh.
25. Sru ngandika Sang Prabu, "Heh sarupane kang para nujum, nora ana wruh praptane ngulik-ulik kang mateni geni murub.”’ ature nujum atamboh.