Menyang kontèn

Kaca:Menak Malebari I.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

13. Aja ta mungguh mantu, nadyan wong liya wis gawe ayu, yen winales ing ala yekti nekani, dukaning Hyang Mahagung, tan kena amilih enggon.

14. Kaya papaning ratu, sira iku pan uwis metu, hiya saking wewilangan wong sabumi, Kaya cilakaning jagul, lewih saking nama Bajod.

15. Lamun ratua tuhu, kalethek ala tobat ping sewu, Sira iku ratu panukmane Eblis, tan duwe eling sarambut.”’ Nusirwan abekah-bekoh.

16. ”’Kepyuken bae ingsun, wasuhen den kongsi kaya kapuk, nora nedya ngarejet ingsun ing mangkin, Sarehira Rajeng Mukub, pan ingsun sira kaboyong.”’

17. Angling Sang Rajeng Mukup, "Lamun ta aja ndulua ingsun, rowangingsun iki raja Sayidsami, Pasthi kelakon sireku, ingsun kepruk sun dhedheplok.

18. Hiya kuciwaningsun, Menek sak kang duwe mara sepuh, Nadyan jawal mertuwane den iloni.”’ Wong Menak sigra amuwus. "Sun jaluk iku Sang Katong.

19. Hiya lilanireku, lawan apuranira den agung.”’