2. Jawining kutha tan tebih,
puniku pacangkramannya,
para putri ingkang darbe,
kinarya tamanan endah,
rinengga sri gapura,
sarwa di busahanipun,
akathah wamaning arga.
3. Tugel-tugel punang wukir,
kinubengan kali samya,
wus kodrat kadya ginawe,
lir pinatut ing manungsa,
tugel-tugeling arga,
kinubengan kali ciyut,
binotrawi tirahnya.
4. Pepethetan warni-warni,
puspita njrah tan ailang.
kembang-kembang keh warnane,
patamanane sang nata,
miwah putri sadaya,
putri kadang putri sunu,
anenggih nunggil sawana.
5. Nanging sarnya let-an kali,
lawan let wukir-wukiran,
lawan kekayon elete,
mangkana kang kawuwusa,
Sri Sayid Ibnu Ngumar,
kadarung nggonira wangsul,
kasasar telenging taman.
6. Nateng Kaos anglebeti,
eram mulat jroning taman,
kasusu sanget aripe,
tan etung ing pancabaya,
turangga inguculan,
ginetak marang nggon rumput,
107