36. lngsun langkung ngayun-ayun mring eyangmu,
age ta tutura,
mring yanganmu Jayengmurti,
nora nana para ratu ngalam donya.
37. Pantes mungsuhing ayuda lawan ingsun,
amung eyangira,
padha lalananging bumi!"
Ya ta sira Prabu Sayid Ibnu Ngumar.
38. Sigra wau nitihi turangganipun,
nander palarasan,
nedya mring nggone wong Turki,
barisane Rahaden Samardikaran.
39. Pan meh rawuh kacathet wirang kalangkung,
miwah yen muliha,
mring Kusniya Malebari,
Eling dudu watake satriya Ngarab.
40. Soring pupuh tan arsa waras angunthul,
angur palastraa,
yen nora ngilang neng wukir,
manjing wana jurang trebis kinasmaran.
73. SAYID. IBNU NGUMAR PERANG KALIY AN DEWI
MREDUWATI
ASMARADANA
1. Ngupaya kiwuling jurit,
yen wus oleh kawisesan,
pitulungira Hyang Manon,
Sigra Prabu Kaos nulak,
wangsul marang ing wana,
kang celak ing gunung-gunung,
alit samya ngalang wana.
106