28. Langkapipun pinethang sanjata mamprung,
tumama kang panah ,
raja ing Ngrum Burudangin,
rasukane tetiga pan sampun rantas.
29. Panahipun prapteng jro paris kawangsul,
malesat anyimpang,
tan pasah ing bajo lapis,
Ya ta kagyat Sang Prabu Tasangsul Ngalam.
30. Mrepak wau sarya angikal salukun,
palu rantenira,
gya sinabetaken aglis,
asru kontal Prabu Sayid Ibnu Ngumar.
31. Tibanipun pisah Ian turangganipun,
saksana cinandhak,
mring rajeng Ngrum Burudangin,
pan wus sayah katiban palu rantemas.
32. Angalumpruk sarira datanpa bayu,
Sayid Ibnu Ngumar,
kacekel marang sang aji,
"Nora bisa bocah jedheng peksa lancang.
33. Nanging ingsun hiya datan arsa nglampus,
marang jenengira,
mbok manawa besuk prapti,
Eyangira Kalana Surayengjagad.
34. Dadya ingsun kang nistha kalangkung-langkung,
wong anom ngajak prang,
andadak ingsun temeni,
kapirare heh ta Sayid Ibnu Ngumar.
35. Aweha wruh sira marang eyanganmu,
anuli balia,
mring barisan Malebari,
sun luwari ingsun weh kuda mring sira.
105