Menyang kontèn

Kaca:Menak Malebari 5.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

12. Nadyan timur jer uwis ingajar ingsun,
tate mbanda raja,
nadyan ratu Parangakik,
palastrane hiya prang kalawan ingwang.

13. Apan ingsun wus kaweca lanang tuhu,
milane sun tilar,
amengku Kaos nagari,
pan sinembah dening para raja-raja."

14. Sru gumuyu ing Ngrum Burudangin prabu,
" Babo sumakehan,
sumbung putuning ajurit,
mangsa ndadak tirua Surayengjagad.

15. Lamun ingsun angladenana sireku,
kapirare nistha!"
ngling rajeng Kaos nagari,
"Nora nana prajurit anampik lawan."

16. Asru matur Prabu ing Nglaka kang sepuh,
"Kula kang maguta,
sanadyan prapta ing pati,
padha tuwa sokur kasoran dening wang."

17. Sauripun "Den yitna yen kedah magut!"
sigra marang ngarsa,
"Heh rajeng ing Burudangin,
ingsun patut apranga kalawan sira.

18. lngsun ratu ing Nglaka kadhatoningsun,
kang ngreh ratu dhomas,
kang ngidhep ratu Serandil,
ratu gedhe kang padha kasor dening wang.

19. Apan ingsun ipene Prabu Lamdahur,
ande1ing Kuparman,
ratu manjing kulit daging,
manjing darah 1awan jeng Sultan Kuparman.

103