Menyang kontèn

Kaca:Menak Malebari 4.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

para ratu-ratu,
lajeng mider larihira,
sawusira lajeng dhahar sawadyeki, budhal manjing jro kutha.

4. Prapta ingaturan manjing puri,
ingkang rama munggeng siti bentar,
aneng panangkilan kabeh,
sagunging para ratu,
pan Wong Agung Ieang prapteng puri,
wus panggih lawan garwa,
ing sakalihipun,
lajeng sainya paguneman,
ingkang rama sang Prabu Sirtu Ngalami,
wus manjing jroning pura.

5. Matur mring kang putra Jayengmurti,
ngaturaken nadar amagawan,
pasrah marang karatone,
kang wayah dipun suwun,
gumantia karaton nuli,
mengku nagri Karsinah,
kawula dhedhukuh,
ngluluri sapangat tuwan,
ngelmi saking paduka kula ugemi,
amrih ing kapandhitan."

6. Lega tyase ngandika Sang Amir,
"Inggih daweg ta paman punika,
pan sampun wonten kanthine, wayah tuwan puniku,
yen pun Ruslan madega aji,
Ieang mangka isining kang
johan palowanu,
senapatining ayuda,
rajeng Prenjuk ing Drenis Ian rajeng Prenggi,
samya ratu prakosa.

73